SMP 5 Purworejo wonten ndeso Kledung

Jaman SMP mbiyen aku sekolah neng SMP 5 Purworejo, alamate neng Jl. Tentara Pelajar ... (nomere lali) pokok'e mburine STM YPP Purworejo. Mlebu kelas 1-B, cedhak karo parkiran sepeda sebelah wetan plus cedhak WC. Pertama mlebu bocahe aneh2, ono sing sangar, lucu, ..hehe sing sak kelas tak mat2ke ora ono sing ayu..

Mbiyen nek arep mangkat sekolah do enten2an neng terbisan sawah, dadi le nyepeda do ngumpul neng terbisan sek. Dadi koyo diabsen,..santo,sugeng, aku, andi, eko, sabil Dsb,..nek wis komplit mangkat neng sekolah bareng2..(geng sepeda onthel). Tapi rikolo jaman semono seneng iku le mangkat rame2, akeh kancane..*_^..trus nek wis tekan sekolah,sepedane ora diparkir neng sekolahan, kui mergo nek diparkir neng sekolahan sok ono sing ilang. mbuh pentile, skrup, baut, jalu mesti ono sing ilang, ..lha njuk sepedane sak geng mau diparkir neng selepan pari sak durunge mlebu sekolahan. Sakjane rodo rawan, tapi nembung karo sing nduwe selepan oleh kok,...

Guru paling nyentrik kie mbiyen jejenge pak Maryadi (guru Ekonomi), gurune rodo fulgar omongane tapi ojo salah nek dewe biji ulangane elek mesti dadi bulan2an diseneni...wah nek wis nyeneni do meneng kabeh ora ono sing wani mbantah.

Kelas 1 tekan kelas 2 mesti biji matematika karo bhs inggrisq abang (biji 5), soale guru le ngulang rodo ora niat. Guru bahasa Inggris wis rodo sepuh, dadi nek krungu kelas rame sithik langsung metu ora gelem ngajar maneh,..trus mung dikek'i tugas2 thok. Lha nek sing ngerti yo iso nggarap, tapi nek sing ora ngerti yo akhir'e mung nyonto ora ngerti asal muasal jawabane seko endi. Pas ungah2an kelas 3, aku kaget,..lha kelasku mlebu kelas 3 b, padahal nek sing biasane cah bodo2 mlebune neng kelas 3 e. Bocah2 sak kelas do muni, "wah salah kelas iku,..."

Semangat le sinau kie ono mergo ono dorongan seko guru biologi (bu Nunik). BU nunik ngomong nek pas ulangan biologi sopo sing oleh biji 10 meh digratisi LKS. hehe mayan yo oleh LKS gratis selama 1 thn. Dadi mulai seko kono q rajin sinau, ternyata ora sia2 le sinau. Ora mung biji Biologi thok sing oleh 10, tapi pelajaran liyane juga podo....wah...ternyata semua itu kalau kita mau usaha dan bekerja keras pasti bisa berhasil........
....................so berusahalah mencapai impianmu GuYs..
0 Responses

Posting Komentar