SMA-ku Mbiyen...SMU N 1 Banyuurip Purworejo

Gek mulih seko Purwokerto aku lewat ngarep bekas SMA-ku mbiyen,..hmm SMA 6 Purworejo. Dek mbiyen pas aku sekolah neng kono jenenge SMU 1 Banyuurip Purworejo. Sejarah'e mbiyen kie asline seko SMOA-SGO-SMA N 2 Purworejo-SMU N 1 Banyuurip Pwr-SMU 6 Purworejo. Sithik-sithik tak bahas yo ..tentang asal muasal sekolah mau. SMOA kie mbiyen nggo sekolah khusus guru olah raga, dadi jaman 70-an nek pengin dadi guru olah raga kudu sekolah ndisik neng SMOA iku. Jaman mbiyen sekolah iku rame tenan, akeh lulusan seko kono dadi guru olah gara penting neng Purworejo. Sekitar tahun 70-an akhir jeneng SMOA iku brubah dadi SGO, kui yo gek podo wae sekolah tentang kejuruan guru olah raga.

Pas awakq mlebu SMU iku jenenge isih SMA 2 Purworejo,..wuihh rodo keren yo....tapi gek pertengahan caturwulan jenenge ganti dadi SMU N 1 Banyuurip Purworejo. Guru-guru neng kono crito pas jaman dadi SMA 2 Purworejo, cah-cah kono akeh sing do seneng melu tawuran. Pernah jare pas tawuran karo STM PN Purworejo nganti mlebu koran. Lha tawur geden, nganti bocah-bocah dikon mulih gasik. Mbuh masalahe opo, paling yo mung gara-gara pentheleng-penthelengan...xixixi

Kelasq mbiyen 1-4, cedhak karo mushola......bangunan sebelah lor'e kelas IPS nek nyebrang lapangan kelas IPA. Gek mlebu anyaran kelas'e nggonq wis diparani cah-cah IPA, wah... do gelut neng mburi. Alesane diajak neng warunge nggon Bu Jito,tapi tekan ngarep laboratorium kancaq mau diajar. Untung sak kelas nggonq ono sing nduwe sedulur cah IPS, lha njuk cah IPS gantian marani cah IPA,..hehe berakhir damai njuk'an..*_^Kelas 2 aku gek neng 2-4, walikelase pas iku jenenge Bu Nurul. Hmmm... gurune seksi abis, kui guru bahasa inggrisq. Nek pas pelajarane Bu Nurul iku sing mlebu sregep tenan, bedo nek pas diulang karo Bu Ngamilah (guru geografi), Bu Wur (guru matematika), opo pak umar. Nek pas pelajaran guru iku perasaan jam'e sui tenan ora rampung-rampung. Caturwulan 2 Walikelase diganti karo Bu Dewi (guru Bhs Indonesia), nek bu Dewi iku wonge sabar tenan,...ora kalah ayu sie ..

Kelas 3, q mlebu IPA-1,..ruangane cedhak parkiran sing nggon guru. Pengalaman sing ora bakalan lali yo pas pelajaran Bhs Indonesia. Piye ora berkesan, gurune galak tenan...jenenge Pak Annar. Nek nulis kudu latin, padahal jaman iku bocah2 wis do jarang nulis latin. Dadi yo koyo cah SD mbaleni ajar nulis Latin neng buku halus..xixi

Kantin favorit tetep kantin Bu Jito,..rego jajan'e murah, komplit,enak...hehe nek duit'e kurang oleh kas Bon..


rasane dadi pengin ngrasak'e masa-masa SMA duloe,.....


0 Responses

Posting Komentar